aku mung sak dermo bocah
kang mijil saka gua garbamu
aku mung sak dermo banyu nista
kang mbok gembol lan gulawentah
kanti kebak asih lan tresna
aku mung sak dermo lemah abang
kang sinebul roh suci dening Gusti
kinanti ikhlasmu .. Mbok..
mung kinanti pangestu panjenengan
aku mecak-i dalan-dalan panguripan
…