sasuwek kertas abang ati
tak baleni siji-siji tembung kuwi
ora ketemu surasa kangen ing ati
tak waca nganggo kaca mata
pancen ora ana tembung tresna
angen-angen ku pancen ngayawara
mbujung ati kang ketaman asmara
ora nimas trus iki potretmu
kok nyelip nang buku
opo iki kleru ora kanggo aku
amarga kertas kuwi mung isi seratanmu
atur panuwun marang aku
yen to sliramu pareng ngampil buku ..
mBlitar, 23 April 2012 … 24:00 ..