Apa ta, Jawa iku Jawa iku mengku karep utawa makna genah cetha utawa jelas, Jawa menawa ditrapake kanthi becik lan tumata bakal ndadek-ake urip iki ayem tentrem ora kemrungsung lan tansah guyub rukun ing berbrayan samubarang ditindakake kanthi ngati-ati, di-etung kanthi temen lan pener, tangga siji lan sijine masiyo iku adoh jarake isih kenal, kabeh mau mergo srawunge karo tangga teparo tansah rumaket, sanjan sinanjan (ngutamaake silaturahim), opo bot repote padha di songgo bebarengan.

Bangsa Indonesia iki terkenal bangsa kang paling murah esem lan tansah sabar ngadepi samubarang perkoro, ono pengaruhe soko kabudayan Jawa dhewe, iku mono ora iso di selak-i maneh amarga ing bebrayan Jawa Tata Sasmita iku tansah digatekake lan dtindakake. Tata Sasmitane wong Jawa ing samubarang tumindak tansah ana, rikala mertamu mestine ora lalu uluk salam dhisik, yen caturan ana ungah-unguhe ana tatane, piye rembukan antarane sing enom karo sing tuwa, apa sewalik-e, piye rembukan karo sing umure podho lan sak piturute. Iku mana mengku karep lan teges menawa wong urip ing ngalam donya kuwi kudu tansah andhap asor lan iso upan papan.

Wong Jawa kuwi yen caturan ora grusa-grusu tansah dipikir kanthi matheng dhisik lagi diaturake sak mestine tujuane supaya ora nglarani atine sing dijak rembukan utawa wong sing krungu supaya ora ndadek-ake klirune gunem. sik… arep olahraga bubar olah raga di terusne meneh.. nyuwun sewu…. alhamdulillah dilanjut.. Jawa iku kanggo tulodho ing samubarang bebrayan, Jawa iku pitutur becik kanggo sapadha-padha.. wiwit saka perilaku, budaya, srawung, kepemimpinan lan liya-liyane. Mula dadi Jawa iku kudu monggok (berbangga hati), dadi wong Jawa kudu iso ngopeni lang ngrungkepi kanthi temen Jawa-ne, tinggalane leluhur kang adiluhung amreh bisa lestari raharja, wus sak mestine yen diwiwiti seka genarasi kulo lan panjenengan sami ingkang kedhah tumidak.

Ora ono tembung angel, sing ono mung karep karo sregep, ora ono tembung ora iso, sing ono mung aras-arasen ora gelem tumandang.. Ojo nganti Jawa pindah nang njaban Rangkah, ojo sampe budaya adiluhung iki puthes amarga puthesen Jawa bisa ndadekake salah sijine jatidiri bangsa iki ilang, mungkin anak putu, canggah wareng udek-udek siwur,besok mung iso moco ing buku-buku sejarah menawa Jawa iki wis ora nJawa maneh, amargo kathut undak-undakaning jaman, tanpa iso ngondeli dan ngrungkepi rasa Jawa-ne…

Comments (3)

  1. Reply

    Salam taklim,
    blog panjenengan sae sanget. tumut nguri-uri budaya jawi.
    kula remen sanget. mugi saged nyebaraken kawruh jawi ingkang migunani dhumateng para maos.
    lan mugi panjenengan saged nyerat ingkah luwih kathah ing wekdal samamngke.

    matur nuwun.

    “”Admin””
    Ngaturaken agununging panuwun ingkang tanpa pepindahan dene panjenengan sampung kerso penarak wonten griyo kulo ing jagad maya meniko.. suwun mas bud, mugi saget ngraketaken silaturahim kula lan panjenengan..

  2. Reply

    Kangmas Eka, kula ngaturaken salam taklim dan matur nuwun panjenengan sampun purun sanjang wonten ing blog kula.
    Leres ingkang panjenengan serat ing artikel Werdine Jawa menika, sanadyan dereng rampung (nengga sawetawis wekdal sak bibaripun panjenengan olah raga : lha menika olah raga punapa toh mas, lha kok suwiiii men sing olah raga kuwi 🙂 )
    mangga sami2 nguri2 budaya jawi…amargi basa Jawi punika kathah piwulangan kawruh tumprap bebrayan umum, ugi kathah sanget atur lan pitutur, wewarah lan wewaler ingkang arupi sandi lan sasmita ingkang kaserat ing tembang, parikan, sesanti lan sapanunggalipun.

Leave a comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.