Prastawa
Wus ora ono rembuk lan gunem
Mung gari kekesing ati kang adem
Ora ono swara kekidungan ing tengah wengi
Ngidungake panguripan mring mulyaning putra-putri
…
janjimu ing wengi kang sepi kemulan rembulan rerungketan kinanthi kidung asih janjimu ing wengi kang sepi sliramu titipake marang rembulan mbarengi gegodongan gegojekan rerangkulan pang-pang garing wengi kang atis wengi kang tanpa lintang mamring tanpa swara panduluku tansah pengin ngaras pipimu pengangen-angenku, panrawang kang pupus kabukak siji mboko siji alon.. prasasat tanpa suara mung katresnan…