Wus Luwih Satus Candra
wektu wis lumaku luwih satus candra mungkurake karep ing rasa kang tansah lelimengan ing tapluking netraku wektu wis lumaku luwih satus candra nalika sliramu pamitan netepi karep nguber asmara kinanthi pangestuku rikala semana wektu wis lumaku luwih satus candra aruming rikmamu manis esemmu netramu kang cinandra rina solah bawamu kang tansah anglam-lami lakuku…