» Pitutur

Ngabekti Dumateng Tiyang Sepuh Ngupadi Kebahagiaan Ing Agesang.. !N
Wonten ing agesang kita tansah ngadahi pengajeng-ajeng ingkang inggil lan menika sampun kinodratring menungsa bilih raos dereng cekap lan dereng rumaos marem dumateng menapa ingkang sampun dipun gadhahi sak menika, sak jatosipun raos kebahagiaan menika sanes raos marem (mongkog ing manah) amargi sedaya panjangkaning kajeng saget kasembadan ananging kebahagiaan gesang ingkang sejati inggih menika kados pundi kita saget mensyukuri dumateng menapa ingkang sampun kita raosaken sak meniko. Dados anggadahi raos syukur dumateng sedaya ingkang sampun saget kita nikmati menika sak jatosipun kebahagiaan ing agesang.

“bahwa kepuasan dan kebahagiaan dalam hidup bukanlah terpenuhinya semua keinginan akan tetapi bagaimana kita mensyukuri apa yang telah kita nikmati selama ini.”

Sanesipun menika menawi anggadahi pepinginan supados nglampahi gesang saget, tata tentrem, raharja ugi  kasembadan ingkang dados panjangkaning gesang namung cekap gangsal perkawis kedhah saget kita sami lampahi :

Ingkang Kapisan inggih menika, komunikasi kaliyan tiyang sepah kekalih kanthi sae, wonten ing hadits dipun sebataken bilih maringi dumateng tiyang mu’ min salah setunggalipun kanthi  shadaqah, lakung utami maringi lan mbagi kebahagiaan ugi raos bungah dumateng tiyang sepah kekalih.   Wonten ing ular-ular rikala dados pinanganten dipun aturaken bilah kakung kedah tumindak sae lan tresno dumateng pawestri, mila meniko dumaten tiyang sepah kekaleh kedah langkung sae lan langkung nresnani  dipun bandingaken dumateng pawestri. Karena ingkang nglairaken, nggulowentah, ndidik kitha sami ugi ingkang tansah maringi donga pangestu dumateng kita mboten sanes inggih tiyang sepah kekalih, menapa ingkang dipun paringaken tiyang sepah dumateng kita sami mboten saget dipun ganthos  kaliyan menopo kemawon.

Ingkang angka Kalih, menawi rembakan kaliyan tiyang sepah kanthi ukura ingkang alus nglembah manah (lemah lembut). Temtunipun saget mbentenaken rembakan kaliyan tiyang sepah lan rembakan kaliyan anak, rencang, sederek lan utami kaliyan tiyang sanesipun.  Rembakan kanthi tembung ingkang sae dumateng tiyang sepah, ampun ngantos gadah pangucap “”ah”".. “”ugh”" menapa malih ngantos miyos tembung ingkang ndamel manahipun tiyang sepah ngantos muwun, kuciwa, menawi ngantos kelampahan, wal iya ‘udzubillah. Ampun ngantos wicanten ingkang kasar dumateng tiyang sepah kekalih, kados menapa tumindakipun tiyang sepah dumateng kita, umpami tiyang sepah ngantos tumindak jahat dumateng kita, utawi wonten hak kita ingkang  ditahan kaliyan tiyang sepah utawi tiyang sepah ngantos nglarani kita ampun ngantos kita tumindak durhana dumateng tiyang sepah.

Ingkang Kaping Tiga inggih meniko tansah Tawadlu (rendah diri), ampun kikir (sombong) umpami sampun kasembadan menapa ingkang sampun dipun kajengaken utawi sampun nggadahi jabatan ing ngalam donya menapa maleh ngantos supe dumateng tiyang sepah, karena rikala lair kita menika wonten ing kawontenan ingkang hina ugi mbetahaken pitulungan. Tiyang sepah kekalih ingkang maringi pitulungan dumateng kita maringi sedaya ingkang kita sami betahaken (unjuk-an, dahar-an saha pakaian ugi panggenan ingkan sae).  saumpami kita nindakaken pendamelan ingkang kita anggep entheng ugi ngremehaken kita ingkang mbok bilih mboten cocok kaliyan kesuksesan utawi jabatan kita lan mboten ka-golongaken tumindak haram,  hukumipun wajib dumaten kita sami tansah taat lan sendiko dawuh dumateng tiyang sepah. Dipun lampahi kanthi manah ingkang remen, amargi mboten ndadosaken mandapipun drajat kita sami.  Injih meniko salah setunggalipun kesempatan kita tumindak sae dumateng tiyang sepuh mumpung taksih sugeng.

Ingkang Kaping Papat, tansah maringi infak (shadaqah) dumateng tiyang sepah, amargi bandha donya ingkang kula panjenengan gadahi menika kagunganipun tiyang sepah ugi, pramila menawi anggadahi rejeki ingkang luwih, ingkang paling utami inggih menika paring nafkah dumateng tiyang sepah kekalih, nembe dumateng sedherek lan tiyang-tiyang ingkan mbetahaken.

Ingkang Kaping Gangsal inggih meniko tansah nyuwunaken do’ a dumateng Gusti Allah SWT katur dumateng tiyang sepah kekalih kados ingkan kesabat wonte ing salah setunggaling ayat “Robbirhamhuma kamaa rabbayaani shagiiro” (Duh Gusti Allah Ingkan Kuasa mugi ngapunten-o kulo, tuwin Ibu lan Rama ingkang nggulawentah kulo wiwit alit ngantos dewasa).

Sak-umpama tiyang sepah sampun tilar donya,  bab-bab ingkang saget kita lampahi kagem ngabekti dumateng tiyang sepah inggih meniko :

Ndo’ aken tiyang sepah kekalih;

Nyolataken rikala tiyang sepah tilar donya surup ing kasedan jati;

Tansah nyuwunaken pangapunten kagem kekalihipun

Nglunasi utang-utang-ipun

Nindakaken menapa ingkang sampun dipun wasiataken ingkang mboten nerak  syari’at.

Tansah nyambung tali silaturrahmi dumateng sinten kemawon ingkang tiyang sepah ugi nate anggadahi silaturahim

Insya allah kanthi nglampahi punapa ingkang katur ing ngajeng gesang kita sami saget ayem tentram, raharja, ugi kasembadan punapa ingkang dados pangajeng-ajeng kula sami, karana kanthi doa lan pangestu tiyang sepah menapa ingkang dados pepinginan kita sami saget kasembadan, mugi seratan menika wonten manfaatipun kagem kula pribadi khususipun lan para maos umum-ipun, matur suwun.

Sumber (Kitab Birrul Walidain, edisi Indonesia Berbakti Kepada Kedua Orang Tua oleh Ustadz Yazid bin Abdul Qadir Jawas, terbitan Darul Qolam – Jakarta)

Sempurnanya Kebahagiaan Dengan Bersyukur..
Wajar jika kita dalam kehidupan ini selalu berharap untuk mendapatkan kebahagiaan, hanya bagaimana mendapatkan kebahagiaan itulah yang begitu sulit dan perlu belajar untuk memahami setiap sudut dalam peri kehidupan kita. Dan jika kita menyadari dan memahami ternyata sebuah kebahagiaan hidup itu kuncinya hanya satu yaitu : BERSYUKUR.   Saya dapatkan sebuah mailing list dari seorang rekan yang bunyi-nya begini Something to share, take a moment to read….it should make you smile as deep in your heart you know that is how we should live our life, sebuah rangkaian kata yang begitu dalam makna-nya. Dan dalam menjalani kehidupan ini jika pada setiap pribadi seseorang bisa menanamkan pemahaman bahwa Saya tidak selalu memperoleh apa yang aku suka dan cinta, namun saya selalu berusaha untuk menyukai dan mencintai apa yang saya peroleh dan miliki, oh.. betapa indah-nya kehidupan ini.

Karena ungkapan diatas merupakan manifestasi terhadap rasa syukur kita. Rasa syukur merupakan kualitas hati yang sangat penting. Karena dengan bersyukur pada diri kita akan selalu dipenuhi dengan ke-damai-an, ke-tentram-an dan ke-bahagia-an. Dan Sebaliknya, jika tidak pernah bersyukur, maka kita akan selalu merasa terbebani, selalu kurang dan jauh dari kebahagiaan.

Lalu muncul pertanyaan mengapa kita sulit untuk bersyukur, setidaknya ada dua hal mendasar sehingga kita sulit untuk bersyukur, yaitu :

Satu, Dalam kehidupan ini kita terlalu fokus pada apa yang kita inginkan, bukan pada apa yang kita miliki. Rasa tidak puas dalam diri kita-lah penyebab-nya, dalam otak kita hanya dipenuhi dengan ke-inginan, ke-mauan dan harapan, terobsesi untuk menjadi yang ter- atau paling. Disaat kita sudah memiliki pekerjaan tetap, isteri cantik, kendaraan dan rumah yang sederhana, adakala-nya kita berharap lebih, yang tentunya hal ini harus didasarkan pada kemampuan dan potensi yang kita miliki. Dan jika obsesi itu belum terpenuhi kita akan terus memikirkannya.

Lalu apakah jika kita mampu meraih semua ke-ingin-an itu akan mendapatkan kebahagiaan yang abadi, jawab-nya adalah TIDAK SAMA SEKALI, hal ini dipicu karena kita tidak pernah merasa puas, kita ingin yang lebih lagi. karena betapapun banyaknya harta yang kita miliki, kita tak pernah menjadi ‘KAYA’ dalam arti yang sesungguhnya. Orang yang ‘kaya’ bukanlah orang yang memiliki banyak hal, tetapi orang kaya adalah orang yang dapat menikmati apapun yang mereka miliki. Tentunya boleh-boleh saja kita memiliki keinginan, tapi Kita perlu menyadari bahwa berbagai keinginan inilah yang menjadi akar perasaan tidak tentram. Kita dapat mengubah perasaan kurang berkecukupan ini dengan berfokus pada apa yang sudah kita miliki. Jangan terlalu sering melihat ke-atas tapi usahakan untuk selalu melihat ke-bawah.

Kedua, kecenderungan membanding-bandingkan diri kita dengan orang lain. Perasaan kita mengatakan bahwa si A lebih beruntung, Si B lebih cantik dan si C lebih Kaya, sehingga kemanapun dan dimanapun kita berada selalu ada orang yang lebih pandai, lebih tampan, lebih cantik, lebih percaya diri, dan lebih kaya dari kita.

Rumput tetangga memang sering kelihatan lebih hijau dari rumput di pekarangan sendiri. Hidup kita akan lebih bahagia kalau kita dapat menikmati apa yang kita miliki. Karena itu bersyukur merupakan kualitas hati yang tertinggi. Maka marilah kita berusaha untuk selalu bersyukur

Bersyukurlah bila kamu belum memiliki segala sesuatu yang kamu inginkan. Seandainya sudah, apalagi yang harus diinginkan?

Bersyukurlah apabila kamu tidak tahu tentang sesuatu Karena itu memberimu kesempatan untuk belajar.

Bersyukurlah untuk masa-masa yang sulit. Di masa itulah kamu tumbuh.

Bersyukurlah untuk keterbatasanmu, karena itu memberimu kesempatan untuk berkembang.

Bersyukurlah untuk setiap tantangan baru, karena itu akan membangun kekuatan dan karaktermu.

Bersyukurlah untuk kesalahan yang kamu buat, itu memberi pelajaran yang berharga.

Mungkin mudah untuk Kita bersyukur ketika mengalami hal-hal baik. Namun, hidup yang berkelimpahan justru datang pada mereka yang tetap dapat bersyukur pada masa masa yang sulit. Rasa syukur dapat mengubah hal yang negatif menjadi positif .. Karena itu, temukan cara bersyukur ketika menghadapi permasalahan, maka semua itu akan menjadi berkah dan barokah bagi-mu..

Demikian tulisan ini yang saya rangkum dari berbagai sumber, terima kasih dan semoga bermanfaat.

Temukan Kebahagiaan Itu Pada Diri Kita
Bahagia wow… sebuah harapan yang ingin dicapai oleh setiap insan didunia ini, dengan segala upaya manusia ingin mencapai bahagia itu, baik bahagia didunia dan di akherat. Manusia bekerja membanting tulang sebagai salah satu upaya untuk mencapai dan mendapatkan kebahagiaan untuk dirinya dan orang-orang yang dicintainya. Manusia berusah untuk mendapatkan apa yang ia inginkan untuk bisa menggapai kebahagiannya. Pendamping hidup yang tampan atau cantik, harta yang melimpah… benarkah itu syarat untuk mencapai kebahagiaan… jawabnya bisa ya… bisa tidak akan tergantung kebahagiaan apa yang kita inginkan…

Menurut aku.. itu hanya sebuah ke-bahagia-an semu saja, karena ke-bahagia-an yang sejati itu tidak akan jauh dari kita; karena ia berada pada diri kita sendiri, dan untuk bisa mendapatkan ke-bahagia-an sejati.. marilah kita mencoba untuk :

Membuka Mata karena dengan membuka mata kita akan menyadari bahwa  kita memiliki banyak hal yang berarti bagi diri sendiri ataupun orang lain.

Membuka Mata Hati, karena dengan membuka mata hati kita akan mengerti dan memahami betapa kita dicintai.

Membuka Diri, dengan membuka diri, maka ketulusan cinta dari orang lain akan dapat kita rasakan dan kita terima dengan ke-ikhlas-an.

Terkadang kita kurang merasakan ke-bahagia-an atau tidak bahagia sama sekali walau dikarunia harta melimpah kecantikan dan ketampanan wajah, hanya karena kita tidak tidak mau membuka hati, selalu berusaha meraih yang tidak dapat diraih, memaksakan kehendak terhadap semua yang diinginkan, tidak mau menerima apa adanya dan kurang bisa bersyukur atas apa yang telah diterimanya. Terkadang juga banyak orang yang tergabung dalam sebuah komunitas yang begitu akrab, begitu peduli seperti pada komunitas-komunitas di Black Car Community atau di Black Motor Community, tapi mereka hanya terjebak pada sebuah kebahagiaan semu, sebuah pelampiasan dan tidak mampu mendapatkan kesejatian kebahagiaan dalam komunitas itu, hal ini bisa saja terjadi karena tidak memahami dan kurang mau berusaha untuk benar-benar menerima sebuah komunitas itu dengan kesungguhan.

Manusia buta karena egois dan hanya memikirkan diri sendiri, tidak sadar bahwa ia begitu dicintai, tidak sadar bahwa saat ini, apa yang ada adalah baik, selalu berusaha meraih lebih, dan tidak mau sadar karena serakah. Ada orang yang begitu mencintai, namun tidak diindahkan dan tidak diperhatikan, karena memilih, menilai dan menghakimi sendiri. Memilih teman dan mencari-cari, padahal di depan mata ada teman yang sejati. Telah memiliki segala yang terbaik, namun serakah, ingin dirinya yang paling diperhatikan, paling disayang, selalu menjadi pusat perhatian, selalu dinomorsatukan. Padahal, semua manusia memiliki peranan, hebat dan nomor satu dalam satu hal, belum tentu dalam hal lain, dicintai oleh satu orang belum tentu oleh orang lain.

Jadi kesimpulannya adalah Kebahagiaan bersumber dari dalam diri kita sendiri. Jangan pernah berharap bahwa akan datang dari orang lain, karena jika berharap dari orang lain, kita harus siap dan rela untuk ditinggalkan dan bahkan dikhianati. Karenanya kita akan bahagia bila kita bisa menerima diri apa adanya, mencintai dan menghargai diri sendiri, mau mencintai orang lain, dan mau menerima orang lain.

Untuk itu marilah kita mulai untuk meraih kebahagiaan itu dengan : Percayalah kepada Allah, dan bersyukurlah kepada-Nya atas apa yang telah Allah SWT berikan pada kita sesuai dengan apa yang kita lakukan, karena itulah yang terbaik bagi kita dan yakinlah bahwa Allah akan memberikan sesuai kebutuhan kita tidak hari ini mungkin esok tidak esok mungkin juga lusa. Marilah kita terus berusaha dan bahagialah karena kita dicintai begitu banyak orang. Semoga rekan-rekan Black Community mampu untuk meraih sebuah kebahagiaan itu dari dalam diri kita.

Demikian tulisan ini semoga bermanfat terima kasih

Kidung Kagem Rama Kyai
mendung ngelayut ing langit nginggil kutho

panas sak nilika musna

bledek nyamber kairing tumiyupipun angin

dipun kanthi gerimis nelesi  bumi pertiwi

luh ing pipi dereng garing

tangis kagem panjenengan

rama kyai…

kembeng-kembeng nuswantara ngutapaken layon..

layon ingkang arum

layon ingkang suci

layon rama kyai

gerimis

hawa atis

sukma ngumbara ngindit raos

raos tresna

raos asih

raos ingkang kapang

amargi  penjengenan sampun tindak dumateng alam kalangengan

duh rama kyai

lemah pekuburan dereng ngantos garing

kembang-kembang sukma

taksih ngondo wangi arum

mboten kiat bathin meniko rama kyai

panjenengan sampun sumare

kanthi pasuryan ingkang bening

kanthi esem ingkang ngujiwat

kanthi nilar kekancingan suci

kanthi nilar suluh budi

kagem obor sukma lan jiwa

kagem mbangun bangsa

kagem gondelanipun agesang sedaya umat

sugeng tindak rama kyai

sugeng tindak GUS DUR

mugi Gusti Ingkang Maha Welas

nyawisaken Firdaus kagem panjenengan…

amiiin…

Blitar, 31 Desember 2009

Yang dalam bahasa Indonesia kurang lebih berarti demikian :

mendung ngelayut ing langit nginggil kutho

panas sak nilika musna

bledek nyamber kairing tumiyupipun angin

dipun kanthi gerimis nelesi  bumi pertiwi

luh ing pipi dereng garing

tangis kagem panjenengan

rama kyai…

kembeng-kembeng nuswantara ngutapaken layon..

layon ingkang arum

layon ingkang suci

layon rama kyai

gerimis

hawa atis

sukma ngumbara ngindit raos

raos tresna

raos asih

raos ingkang kapang

amargi  penjengenan sampun tindak dumateng alam kalangengan

duh rama kyai

lemah pekuburan dereng ngantos garing

kembang-kembang sukma

taksih ngondo wangi arum

mboten kiat bathin meniko rama kyai

panjenengan sampun sumare

kanthi pasuryan ingkang bening

kanthi esem ingkang ngujiwat

kanthi nilar kekancingan suci

kanthi nilar suluh budi

kagem obor sukma lan jiwa

kagem mbangun bangsa

kagem gondelanipun agesang sedaya umat

sugeng tindak rama kyai

sugeng tindak GUS DUR

mugi Gusti Ingkang Maha Welas

nyawisaken Firdaus kagem panjenengan…

amiiin…

Blitar, 31 Desember 2009

Nglampahi MALIMA, Ngupadi Tentreming Bebrayan
Asring mireng, ugi asring nyipati ukara utawi tembung MALIMA, wonten ing bebrayan jawi mireng tembung/ukara MALIMA tamtu wonten ing pengangen-angen badhe gadhahi pamanggih meniko babagan ingkang mboten sae, perkawis lumrah amargi ingkang dipun mangertosi MALIMA meniko, tindak tanduk ingkan mboten sae, mursal, nerak wewaler, ugi ngingkari punapa ingkang sampun dipun tuntunakaen dening agami menopo kemawon.  Sak jatosipun MALIMA sanes perkawis ingkang awon mawon, wonten MALIMA ingkang sae lan kedah dipun lampahi wonten ing bebrayan meniko, ananging tamtunipun kita sami kedah saget milah lan milih MALIMA ingkang pundhi ingkang badhe dipun lampahi. Pilihan wonten ing pribadi kula lan panjenengan piyambak-piyambak.

MALIMA ingkang dipun mangertosi dening masyarakat jawi umum-ipun inggih meniko :

MA ingkang sepindah MALING (mencuri) inggih meniko tumindak mendet kagunganipun tiyang sanes tanpa nyuwun idhi palilah saking ingkang kagungan, ngakeni punapa ingkang sanes hak-ipun punika kalebet MALING.

MA ingkang kaping kaleh MAIN (berjudi), main wonten ing bebrayan jawi mengku karep tumindak ingkang bebotohan, ngagem yatra utawi arta lan bondho sanesipun kagem mbotoh-i kegiatan menopo kemawon, umum-ipun main inggih meniko adu jago, toh-tohan, kertu, lan sak panunggalanipun;

MA ingkang kaping ketiga MADAT (konsumsi obat terlarang), rikala rumiyin kasebat candu, jenewer umpami wonten-ing jaman modern niki MADAT sami kaliyan nyimeng, nganjan, nyabu lan ngepil, tumindak ingkang ngunsumsi NARKOBA;

MA ingkang kaping sekawan MABUK (minum-minuman keras), tumindak nginum ngantum mendem, mabuk lan sak panunggalanipun;

MA angka gansal inggih meniko MADON (main perempuan/selingkuh), tumindak cumanthoko ngrusak pager ayu, utami asring dolanan pinyantun pawestri, remen nglampahi hubungan lanang wadon ingkan mboten ngagem paugeraning agama lan negara, sex bebas.

MALIMA ingkang kasebat ing nginggil ingkan kedah dipun singkiri wonten ing bebyaran kita sami, ampun ngantos dipun lampahi, njih gangsal perkawis ingkang ndamel rusak-ipun tatatanan ugi paugeranipun ngagesang, ndados-aken piyantuk ingkang numindakaken MALIMA gesang-ipun mboten saget tentrem, dipun tebihaken saking kebahagiaan donya lan akherat.

Lajeng MALIMA kagem ngupadi tentreming bebrayan ingkang kulo kajengaken inggih meniko :

MA, ingkang kaping sepindah MA-NEMBAH (berdoa) tansah nyenyuwun dumateng Gusti numindakaken sedoyo ingkang dipun wajib-aken dumateng titahipun menungsa supados tansah eling dumateng Penciptanipun, inggih Gusti Ingkang Akarya Jagad, agama menopo kemawon;

MA, ingkang kaping kaleh MA-KARYA (bekerja), nyambut damel kanthi sregep ugi halal kagem sangu gesang wontenipun ngalam donya ugi akherat, makarya kangge numindakaken jijibahan agung ing agesang.

MA, ingkang kaping tiga MA-NGABEKTI (berbakti), kita saget ngrasosaken gesang ing alam donya lumantar saking bapa biyung, sampun sak trepipun bilih darma-nipun putra dumateng tiyang sepah meniko wajib hukum-ipun.

MA, ingkang kaping sekawan MA-KUMPUL (srawung).. (bermasyarakat) tumrap sapadha-padha, gesang meniko mboten piyampak wonten rencang, sederek, keluarga ugi masyarakat, meningko makhluk sosial tamtunipun kedhah saget gesang kaliyan tiyang sanes, lir-ipun gesang wonten ing ngalam donya kedah saget srawung sae kaliyan sesami.

MA, ingkang kaping gangsal MA-NGERTINI (mengerti, memahami) anak bojo lan keluarga, supados langkung tentrem wontening bebyaran meniko tamtunipun kedah saget, mbangun bale somah kanthi paugeran lan tatanan ingkang sae, kanthi rasa sih tresno ingkang tulus lan ikhlas hubungan antawis sederek ndadosaken pondasi ugi landasan kagem sesrawungan wontening masyarakat.

MALIMA meniko ingkang saget dados landasan kagem ngupadi tentreming bebrayan wonten ing ngalam donya ing tembenipun kagem sangu wonten ing alam kelanggengan samangke. Kanthi mekaten MALIMA mboten mesti nggadahi pemanggih ingkang awon amargi MALIMA ingkang kula maksud meniko ingkang mengku karep sae. Mugi kita sami saget nglampahi kanthi sae lan ikhlas.

Mugi-mugi seratan meniko wonten manfaatipun dumateng kula ugi ingkang maos, wonten kirang langkung anggep kula nyerat mbok bilih namung agunging sih samudra pangraksami ingkang kathah dumateng para maos sedaya, matur suwun..

Ajining Dhiri Gumantung Saka Lathi
Sak jatosipun judul ingkang kasebat ing nginggil namung saperangan saking komplet-ipun ukara lan petuah Jawi ingkang mengku karep ugi pitutur sae, jangkep-ipun seratan ing nginggil inggih meniko Ajining Dhiri Gumantung Saka Lathi, Ajining Raga Gumantung Saka Busana, Giri Lusi Janmo Tan Keno Ingino. Pitutur ingkang maknanipun sae sanget menawi kita saget nglampahi kanthi lelandesan manah ingkang sareh lan welas. Sinten kemawon ingkang saget nglampahi pitutur meniko,  wontenbebrayan agung ing ngalam donya meniko badhe manggihi kesaenan lan ugi raos tentrem lan ayemipun manah.

Raos tentrem ayem manah kagem sangu gesang, tamtunipun kanthi nglampahi pitutur ingkan kasebat ing ngajeng. Supados kulo panjenengan sami saget nyinaoni sesarangan, punapa jarwanipun seratan lan pitutur meniko, mboten wonten niat guroni menopo maleh minteri, namung sadermi tansah saget ngemutaken dumateng diri pribadi kulo. Lan setunggal-setunggal ukara mangga dipun udari jarwanipun sesarengan :

Ajining Dhiri Gumantung Saka Lathi, ukara meniko jarwanipun kirang langkung mekaten sak sinteno kemawon badhe gadah raos wuh pekewuh, raos sungkan lan ngajeni dumateng kulo panjenengan sami menawi sedaya rembag lan wicanten kula panjenengan sami tansah sareh, menawi ngendikan dumateng rencang, sederek ingkang enem utawi ingkah sepuh tansah nglembah manah. Tamtunipun kula panjenengan sami saget ngraosaken menawi rembakan kanthi intonasi ingkang inggil,wontenipun namung nesu kemawon lajeng menopo ingkang dipun aturaken tansah ngapusi lan ngelek-ngelek tiyang sanes. Lathi saget ndadosaken pancakara (=perang), padudon, namun lathi saget ugi ndadosaken raos ketremanipun gesang, kabagyanipun gesang lan ndamel manah tansah ayem tentrem.  Mugi-mugi kula panjenengan sami tansah saget njagi tutur lan atur ingkang sae dumateng sinten kemawon amrih gesang saget ayem tentrem lan ugi tansah sami-sami ngajeni wonten bebrayan ing ngalam donya meniko.

Ajining Raga Gumantung Saka Busana, ukara meniko mengku karep bisa raga kula lan penjenengan sami meniko wadahipun rasa, raga utawi badan meniko ingkang dipun pirsani sok sinteno kemawon, pramila busana penting sanget tumrapipun raga, busana kagem nutupi aurat, busana saget ndadosaken raga ketawis sae dipun pirsani, busana ndadosaken raga aman, namung busana meniko pantas lan mboten-ipun, sae menopo mboten tumrapipun raga kedhah selaras lan serasi antawisipun raga lan busana, kekajenganipun menungsa tansah gadhah gegayuhan ingkang agung, gegayuhan ingkang inggil, semanten igu babagan busana (=rasukan), lha menawi gadhah kekajengan bilis raga meniko tansah rumaos ayem tentrem, njih kedah ngagem busana ingkan saktrep-ipun. Pramila bilih raga meniko tansah dipun ajeni, raga kedah dipun dandani lang diasi dipun busana-ni kathi ingkang sae,  mbok pilih piyantu ningkang ngagem busana sak wontenipun menawi dipirsani benten kaliyan piyantun ingkang  ngagem busana ingkang sae-sae.

Giri Lusi Janmo Tan Keno Ingino, bebrayan ing ngalam donya mboten saget piyambak amargi menungsa meniko makhluk sosial, ingkang mbetahaken rencang lan srawung babagan srawung meniko kedhah wonten raos ngajeni, raos ngurmati lan mboten nyepeleaken tiyang sanes, mboten rumoas saget lan pinter piyamak, mboten rumaso gatheng, bagus, utami ayu lan manis piyambak, mboten rumoas sugih, rumaos pangkat lan jabatanipun inggil. Gusti Kang Murbeng Dumadi ndadosaken menungsa kanthi kekiyatan, kanthi keluwiha ingkang mboten sami antawis setunggal lan setunggalipun, pramila Giri Lusi Janmo Tan Keno Ingino meniko saget kagem pepeling lan pitutur bilih sampun ngantos nyepelekaden dumateng  tiyang sanes, sampun ngantos ngicalaken raos ngurmati dumateng tiyang sanes.

Mugi-mugi kula panjenengan sami tansah ngupadi pitutur luhur meniko supados gesang ayem tentrem kanthi sesanti Ajining Diri Gumantung Saka Lathi, Ajining Sarira Saka Busana, Giri Lusi Janmo Tan Keno Ingino.. suwun.. wonten kirang langkungipun nyuwun agunge pangraksami.. wassalam

Werdine Jawa
Apa ta, Jawa iku Jawa iku mengku karep utawa makna genah cetha utawa jelas, Jawa menawa ditrapake kanthi becik lan tumata bakal ndadek-ake urip iki ayem tentrem ora kemrungsung lan tansah guyub rukun ing berbrayan samubarang ditindakake kanthi ngati-ati, di-etung kanthi temen lan pener, tangga siji lan sijine masiyo iku adoh jarake isih kenal, kabeh mau mergo srawunge karo tangga teparo tansah rumaket, sanjan sinanjan (ngutamaake silaturahim), opo bot repote padha di songgo bebarengan.

Bangsa Indonesia iki terkenal bangsa kang paling murah esem lan tansah sabar ngadepi samubarang perkoro, ono pengaruhe soko kabudayan Jawa dhewe, iku mono ora iso di selak-i maneh amarga ing bebrayan Jawa Tata Sasmita iku tansah digatekake lan dtindakake. Tata Sasmitane wong Jawa ing samubarang tumindak tansah ana, rikala mertamu mestine ora lalu uluk salam dhisik, yen caturan ana ungah-unguhe ana tatane, piye rembukan antarane sing enom karo sing tuwa, apa sewalik-e, piye rembukan karo sing umure podho lan sak piturute. Iku mana mengku karep lan teges menawa wong urip ing ngalam donya kuwi kudu tansah andhap asor lan iso upan papan.

Wong Jawa kuwi yen caturan ora grusa-grusu tansah dipikir kanthi matheng dhisik lagi diaturake sak mestine tujuane supaya ora nglarani atine sing dijak rembukan utawa wong sing krungu supaya ora ndadek-ake klirune gunem. sik… arep olahraga bubar olah raga di terusne meneh.. nyuwun sewu…. alhamdulillah dilanjut.. Jawa iku kanggo tulodho ing samubarang bebrayan, Jawa iku pitutur becik kanggo sapadha-padha.. wiwit saka perilaku, budaya, srawung, kepemimpinan lan liya-liyane. Mula dadi Jawa iku kudu monggok (berbangga hati), dadi wong Jawa kudu iso ngopeni lang ngrungkepi kanthi temen Jawa-ne, tinggalane leluhur kang adiluhung amreh bisa lestari raharja, wus sak mestine yen diwiwiti seka genarasi kulo lan panjenengan sami ingkang kedhah tumidak.

Ora ono tembung angel, sing ono mung karep karo sregep, ora ono tembung ora iso, sing ono mung aras-arasen ora gelem tumandang.. Ojo nganti Jawa pindah nang njaban Rangkah, ojo sampe budaya adiluhung iki puthes amarga puthesen Jawa bisa ndadekake salah sijine jatidiri bangsa iki ilang, mungkin anak putu, canggah wareng udek-udek siwur,besok mung iso moco ing buku-buku sejarah menawa Jawa iki wis ora nJawa maneh, amargo kathut undak-undakaning jaman, tanpa iso ngondeli dan ngrungkepi rasa Jawa-ne…