Aku Nduwe Rasa Tresno
kidung lembayung kidung ati kang wuyung aduh biyung … crita karipta cinipta ciptaning rasa rasa sukma larabranta aduh rama .. bungah lan susah garising urip jalma tinitah ngrekso rasa lan ukara yen .. tho pance aku nduwe rasa tresno .. pinggir rel –(gedog), 22 Februari 2012
Ngreksa Rasa, Ngreksa Tresna
rong puluh tahun wus lumaku
tansah ndak simpen rapet jroning kalbuku
ora isa luntur dening lumakuning wektu
amarga iku tulisan-tulisan gusti kang kudu dilakoni
ora isa ilang esem manismu
ora bakal musna sorot netramu
pra dak selaki aku nate nyimpen rasa
kang nate nancep mring kalbuku
endahing crita kawuri tansah dadi memori
rina trus lumaku nyedaki ratri
baskara meh angslup gumanti candra…
Read More