Wus ora ono rembuk lan gunem
Mung gari kekesing ati kang adem
Ora ono swara kekidungan ing tengah wengi
Ngidungake panguripan mring mulyaning putra-putri
Wus ora ono rembuk lan gunem
Mung gari kekesing ati kang adem
Ora ono swara kekidungan ing tengah wengi
Ngidungake panguripan mring mulyaning putra-putri
candra wes angslup gumanti baskara
tumiyuping angin sumilir nggawa pengarep – arep
nguntapake lakune tetes – tetes embun
minangkani janji marang panguripan
wus sewindu luwih patang warsa
ngreronce kidung bebarengan
ing lembar – lembar katresnan
dudu mung kidung ananging kasunyatan
rong puluh tahun wus lumaku
tansah ndak simpen rapet jroning kalbuku
ora isa luntur dening lumakuning wektu
amarga iku tulisan-tulisan gusti kang kudu dilakoni
ora isa ilang esem manismu
ora bakal musna sorot netramu
pra dak selaki aku nate nyimpen rasa
kang nate nancep mring kalbuku
endahing crita kawuri tansah dadi memori
rina trus lumaku nyedaki ratri
baskara meh angslup gumanti candra