Tag Posting Geguritan
Wus Luwih Satus Candra
wektu wis lumaku luwih satus candra
mungkurake karep ing rasa
kang tansah lelimengan
ing tapluking netraku
wektu wis lumaku luwih satus candra
nalika sliramu pamitan
netepi karep nguber asmara
kinanthi pangestuku rikala semana
wektu wis lumaku luwih satus candra
aruming rikmamu
manis esemmu
netramu kang cinandra rina
solah bawamu kang tansah anglam-lami
lakuku ing padhang panguripan
wektu wis lumaku luwih satus candra
wewayangira tansah ngetut lakuku
nimas, puspitaning ati ..
muga Gusti paring kabagyan marang sliramu
kinanthi pandonga suci mreh rasa pangrasaku
lilakno wewayanganmu tansah ndak kekep
kanthi kebak asih, amarga mung wewayangmu
kang tansah ngancani aku napaki pangarep-arep
Gedog,.. lingsir rina .. 10-09-11
Pinggir Desa
Pungkasaning Ratri
gisiking wengi adhem tintrim tanpa rasa
mung lintang panjerina kang madhangi jagat
amarga rembulan kemulan mendhung
atiku temlawung …
Embun Setya Ing Janji
ing pojok desa
tak kanti tekane embun
bebarengan ocehing manuk ing wayah isuk
rikala suket-suket isih rerungketan
krasa atis
angin isih sepi
embun tumetes nelesi lemah-lemah abang
embun kang ngawa warta
warta marang sa-dengah titah
oh… isih ono panguripan
embun ora cidro marang janjine
amarga embun tansah setya
kanthi ngawruhake rasa
rasa tresnane marang panguripan
oh.. embun
tekamu nelesi ati
tekamu
nggugah pangarep-arep
marang crita urip kang dawa
Mburi Rel, Gedog 22 Oktober 2010












Terima kasih Komentar-nya