lunga mengetan mapak srengenge
marani tumungkule dina
aku lunga ninggal pengarep
ngungkuri laku ninggal sliramu
mung prasaja setia tuhu
aku lunga njupuk impen
tumraping panguripan sejati
nyawiji ing prajanji suci
kantinen tekaku nimas
masio mung layang tanda tresna
pratanda kapang uripku
amarga ninggal ake sliramu …
Ngisor Ringin, 26 – 02 -2012