wektu wis lumaku luwih satus candra
mungkurake karep ing rasa
kang tansah lelimengan
ing tapluking netraku
wektu wis lumaku luwih satus candra
nalika sliramu pamitan
netepi karep nguber asmara
kinanthi pangestuku rikala semana
wektu wis lumaku luwih satus candra
aruming rikmamu
manis esemmu
netramu kang cinandra rina
solah bawamu kang tansah anglam-lami
lakuku ing padhang panguripan
wektu wis lumaku luwih satus candra
wewayangira tansah ngetut lakuku
nimas, puspitaning ati ..
muga Gusti paring kabagyan marang sliramu
kinanthi pandonga suci mreh rasa pangrasaku
lilakno wewayanganmu tansah ndak kekep
kanthi kebak asih, amarga mung wewayangmu
kang tansah ngancani aku napaki pangarep-arep
Gedog,.. lingsir rina .. 10-09-11