candra wes angslup gumanti baskara
tumiyuping angin sumilir nggawa pengarep – arep
nguntapake lakune tetes – tetes embun
minangkani janji marang panguripan
wus sewindu luwih patang warsa
ngreronce kidung bebarengan
ing lembar – lembar katresnan
dudu mung kidung ananging kasunyatan
wus sewindu luwih patang warsa
ngumbara ing donyaning bebrayan
ngrungkepi angen-angen mring kabegjan
mung satuhu mureh ridho ning Gusti Allah
ngumbara ing donyaning bebrayan
ngrungkepi angen-angen mring kabegjan
mung satuhu mureh ridho ning Gusti Allah
Medio
… Tengah Wengi …..
…. Pinggir Rel : Pos 3 RW 15 .. (setahun kepungkur)