wus telung windu kepungkur ing dalan iki
sliramu nate ndak kanthi mencak-i wengi
rikala rembulan tumungkul rerangkulan ratri
pasuryanmu endah kaya lintang panjerina
nimas,
wus kaping sanga ganti mangsa
isih krasa anget astaku rikala ngaras pipi-mu ing pinggir desa
tan ana pangucap saka lathimu kang rinungket rasa
gunung gambar wonosadi
nunut nyekseni asmaraning wijaya kusuma,
kang nggondo arum ing wayah dalu
sumebar ngebaki dalan-dalan wengi,
nimas,
telung windu wus lumaku
crita kuwi tansah lelimengan ing impenku
crita kawuri kang tansah ndak patri ing ati
Gantiwarna, Pungkasan Syawal 1431 H