Jeng, nimas ayu pepujaning ati…
aku pasrah sumeleh ing ati
nyelehake pangarep-arepku
mring katresnan lan kawigatenmu sing semu
kasunayatane mung tekan semenu
buyare lelakonku indah iki…
aku pasrah sumeleh ing ati
nyelehake pangarep-arepku
mring katresnan lan kawigatenmu sing semu
kasunayatane mung tekan semenu
buyare lelakonku indah iki…
pengarep-arep kari pepenginku
tansah sumandhing lan nresnani sliramu
kudu dak tigas tekan semene
kang luwih wigati, Nimas
pandonga lan pengestumu wae
kang ndak suwun kanthi ikhlasing manahmu
nimas, pepujaning ati gegondelaning kalbu
pareng, aku pamit
kanthi bunthel kuciwa lan pangarepku
kanggo mapak tekaning tresno lan asih suci
YAIKU tresna lan ati kang satuhu gati
tan ora kapontho-pontho marang liyan
tan ora nyawang rupa lan bandha
tan ora singidan ing wewanguning jagad
tresna kang kebak rasa asih
tresna kang mengku rasa ikhlas
tresna kang sawiji
amung tresna sejati tanpa binagi..
Bumi Penataran, 22 Maret 2009