mendung ngelayut ing langit nginggil kutho
panas sak nilika musna
bledek nyamber kairing tumiyupipun angin
dipun kanthi gerimis nelesi bumi pertiwi
luh ing pipi dereng garing
tangis kagem panjenengan
rama kyai…
kembeng-kembeng nuswantara ngutapaken layon..
layon ingkang arum
layon ingkang suci
layon rama kyai
gerimis
hawa atis
sukma ngumbara ngindit raos
raos tresna
raos asih
raos ingkang kapang
amargi penjengenan sampun tindak dumateng alam kalangengan
duh rama kyai
lemah pekuburan dereng ngantos garing
kembang-kembang sukma
taksih ngondo wangi arum
mboten kiat bathin meniko rama kyai
panjenengan sampun sumare
kanthi pasuryan ingkang bening
kanthi esem ingkang ngujiwat
kanthi nilar kekancingan suci
kanthi nilar suluh budi
kagem obor sukma lan jiwa
kagem mbangun bangsa
kagem gondelanipun agesang sedaya umat
sugeng tindak rama kyai
sugeng tindak GUS DUR
mugi Gusti Ingkang Maha Welas
nyawisaken Firdaus kagem panjenengan…
amiiin…
Blitar, 31 Desember 2009
Yang dalam bahasa Indonesia kurang lebih berarti demikian :
mendung ngelayut ing langit nginggil kutho
panas sak nilika musna
bledek nyamber kairing tumiyupipun angin
dipun kanthi gerimis nelesi bumi pertiwi
luh ing pipi dereng garing
tangis kagem panjenengan
rama kyai…
kembeng-kembeng nuswantara ngutapaken layon..
layon ingkang arum
layon ingkang suci
layon rama kyai
gerimis
hawa atis
sukma ngumbara ngindit raos
raos tresna
raos asih
raos ingkang kapang
amargi penjengenan sampun tindak dumateng alam kalangengan
duh rama kyai
lemah pekuburan dereng ngantos garing
kembang-kembang sukma
taksih ngondo wangi arum
mboten kiat bathin meniko rama kyai
panjenengan sampun sumare
kanthi pasuryan ingkang bening
kanthi esem ingkang ngujiwat
kanthi nilar kekancingan suci
kanthi nilar suluh budi
kagem obor sukma lan jiwa
kagem mbangun bangsa
kagem gondelanipun agesang sedaya umat
sugeng tindak rama kyai
sugeng tindak GUS DUR
mugi Gusti Ingkang Maha Welas
nyawisaken Firdaus kagem panjenengan…
amiiin…
Blitar, 31 Desember 2009