janjimu ing wengi kang sepi
kemulan rembulan rerungketan
kinanthi kidung asih
janjimu ing wengi kang sepi
sliramu titipake marang rembulan
mbarengi gegodongan gegojekan
rerangkulan pang-pang garing
wengi kang atis
wengi kang tanpa lintang
mamring tanpa swara
panduluku tansah pengin ngaras pipimu
pengangen-angenku, panrawang kang pupus
kabukak siji mboko siji
alon.. prasasat tanpa suara
mung katresnan jati kang lumaku
tumapak lan kudu jumangkah
ngrungkepi janji-janjimu ing wengi..
lilakno anggamu tak rengkuh kang pungkasan
krana aku kepenging ngopeni crita iki
tresna kang kabuncang,….
bebarengi janjimu ing wengi kang cinidra
Blitar, 19-4-2010