Kategori untuk Arsip Geguritan

Pungkasaning Ratri

gisiking wengi adhem tintrim tanpa rasa

mung lintang panjerina kang madhangi jagat

amarga rembulan  kemulan mendhung

atiku temlawung …

Baca hingga selesai »

, ,

Belum ada komentar

Embun Setya Ing Janji

ing pojok desa

tak kanti tekane embun

bebarengan ocehing manuk ing wayah isuk

rikala suket-suket isih rerungketan

krasa atis

angin isih sepi

embun tumetes nelesi lemah-lemah abang

embun kang ngawa warta

warta marang sa-dengah titah

oh… isih ono panguripan

embun ora cidro marang janjine

amarga embun tansah setya

kanthi ngawruhake rasa

rasa tresnane marang panguripan

oh.. embun

tekamu nelesi ati

tekamu

nggugah pangarep-arep

marang crita urip kang dawa

Mburi Rel, Gedog 22 Oktober 2010

,

Belum ada komentar

Guritku

gerimis sansaya gedhe
gerimis arep dadi udan
langit mendung peteng tanpa lintang
sepi tanpa suara
wening tan ana lelagon
gurit-ku panjeriting ati
ati atis
ati wengis
ati miris
ati kang kebak tangis
gurit-ku sepo
sepo tanpa suara
sepo tanpa lukita
sepo tanpa pramusita
gurit-ku gegambaraning ati sepi
gurit-ku pralambang temekaning prahara
gurit-ku impen kang dadi nyata
Bumi Bung Karno, 10 Okt 2010

,

Belum ada komentar

Janjimu Ing Wengi

janjimu ing wengi kang sepi
kemulan rembulan rerungketan
kinanthi kidung asih

janjimu ing wengi kang sepi
sliramu titipake marang rembulan
mbarengi gegodongan gegojekan
rerangkulan pang-pang garing

wengi kang atis
wengi kang tanpa lintang
mamring tanpa swara
panduluku tansah pengin ngaras pipimu

pengangen-angenku, panrawang kang pupus
kabukak siji mboko siji
alon.. prasasat tanpa suara
mung katresnan jati kang lumaku
tumapak lan kudu jumangkah
ngrungkepi janji-janjimu ing wengi..

lilakno anggamu tak rengkuh kang pungkasan
krana aku kepenging ngopeni crita iki
tresna kang kabuncang,….
bebarengi janjimu ing wengi kang cinidra

Blitar, 19-4-2010

, ,

Belum ada komentar